LATIHAN SOAL UAS BAHASA JAWA KLS 7,8 DAN 9

SOAL HAL. 1 INI DIKERJAKAN DAN DIKUMPULKAN SETELAH TES!!!

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki adhedhasar wacana atur-atur kang wus cumawis!

Kula nuwun, kula pun Nawang (ingkang atur-atur) kepareng matur kaliyan Ibu Larasati (ingkang dipunaturi), bilih sowan kula inggih menika, ingkang angka sepisan saperlu silaturahmi. Ingkang angka kalih, kula dipunutus Ibu kula, bilih panjenengan kaaturan rawuh wonten salemipun Ibu benjang dinten Setu sonten, surya kaping 6 September 2014, wanci/tabuh 16.00 WIK (sekawan sonten) saperlu arisan. Makaten atur kula, wonten kiranging trapsila saha subasita kula nyuwun agunging pangaksami. Kepareng kula lajeng nyuwun pamit. Nuwun. Pareng.

Pitakonan:
1. Kula nuwun …. Ana ing tuladha atur-atur kasebut diarani ….
2. Bocah kang atur-atur jenenge ….
3. Priyayi kang diaturi rawuh yaiku ….
4. Wosing atur-atur kang angka sepisan yaiku ….
5. Anggone kagungan kersa suk dina ….
6. Wose atur-atur kanggo tanggal ….
7. Wose atur-atur rikala tabuh 16.00 WIK yaiku adicara ….
8. “Makaten atur kula, wonten kiranging trapsila saha subasita kula nyuwun agunging pangaksami.” Tembung atur tegese ….
9. “ … nyuwun agunging pangaksami.” Tembung agunging pangaksami tegese ….
10. “Kepareng kula lajeng nyuwun pamit. Nuwun. Pareng.” Perangan atur-atur iki diarani ….

Wangsulan:
1. …………………………………………………………………………………………………….
2. …………………………………………………………………………………………………….
3. …………………………………………………………………………………………………….
4. …………………………………………………………………………………………………….
5. …………………………………………………………………………………………………….
6. …………………………………………………………………………………………………….
7. …………………………………………………………………………………………………….
8. …………………………………………………………………………………………………….
9. …………………………………………………………………………………………………….
10. …………………………………………………………………………………………………….

 

LATIHAN SOAL-SOAL KELAS VIII

Wacan kanggo soal nomer 1 nganti nomer 4!

Semarang (Kuthane Dhewe)- Kemis esuk, 23 Oktober 2014 watara jam 6 ana tabrakan kang nggegirisi ati. Bocah SMP nabrak trek tronton saka arah kang beda. Bocah mau sanalika mati ing TKP (Tempat Kejadian Perkara). Sirahe pecah jalaran mbentus aspal lan ora nganggo helem. Miturut seksi sing mrangguli prastawa iki, sadurunge nabrak tronton, bocah mau ugal-ugalan lan kebut-kebutan. Kanthi prastawa iki, wis kaetung watara 5 siswa SMP ing sasi iki kang mati kacilakan amarga kebut-kebutan.

1. Nyemak pawarta ing ndhuwur, kang klebu perangane pawarta/berita kang diarani who/paraga yaiku ….
2. Saka berita/pawarta ing ndhuwur, unsur wektu/when dituduhake ing ukara ….
3. Pawarta kasebut isine bab ….
4. Pawarta mau kajupuk saka medhiya ….
5. Menawa maca berita/pawarta kudu nggatekake ….
6. Laporan kedadeyan/prastawa kang narik kawigaten lan disiyarake kanthi cepet lumantar radhiyo, tivi, koran, internet, lan medhiya liyane diarani ….
Wacan kanggo soal nomer 7 nganti nomer 9!

Miturut Ketua Persatuan Hindu Dharma Indonesia (PHDI) Gunung kidul, Purwanto, Upacara Melasti mengku werdi sesuci dhiri lan jagad raya, kanggo manunggaling trihitakarana, sarta minangka rerangkening upacara lan brata penyepian kang bakal teka. Kejaba iku, Melasti uga mengku ancas/tujuwan kanggo sesuci asil tetanen/pertanian, kanthi nyawisake sesaji utawa
7. Ketua PHDI Gunung kidul yaiku ….
8. Upacara kang mengku werdi sesuci dhiri lan jagad raya, kanggo manunggaling trihitakarana, sarta minangka rerangkening upacara lan brata penyepian kang bakal teka diarani ….
9. Upacara Melasti, dipungkasi kanthi nglarung sesaji menyang segara, kanggo mbuwang watak manungsa kang ala kaya kang kasebut ing ngisor iki, kejaba ….
Wacan kanggo soal nomer 10 nganti nomer 15

Klaten (Merdeka.com)- Kahanan perajin tenun stagen lan slendhang ing Desa Patoman, Kedungampel, Cawas, Klaten mrihatinake jalaran nganti saiki kurang digatekake dening pamarentah. Saiki nalika rega benang mundhak, para perajin amung bisa pasrah marang kahanan.
Bab iki kang diandharake dening salah sawijining perajin stagen lan slendhang ing Dhusun Patoman, yaiku Santo Miharjo. Santo Miharjo nelakake kekurangan pawitan/modhal, kamangka rega benang uga larang. Sekawit rega benang Rp 5.000 saiki Rp 11.000 saben kilone. Kamangka rega stagen mung Rp 4.000 nganti Rp 5.000. benang sekilo bisa kanggo gawe stagen cacah papat, satemah bathine para perajin mepet.
Mangerteni kahanan kasebut, salah sawijining sesepuh masyarakat desa, Tumirin, rumangsa prihatin marang sesanggan urip para perajin stagen lan slendhang ing wewengkone. Nganti saiki, para perajin durung tau entuk pamedegake/pembinaan apamaneh bantuwan pawitan saka dinas kang kawogan. Pangajabe, pamarentah bisaa nggatekake para perajin, supaya uripe bisa murwat/mulya.

10. Ing tlatah Klaten kang dadi pusate perajin tenun stagen lan slendhang yaiku ing ….
11. Rega benang mundhak, para perajin amung bisa pasrah marang ….
12. Wakil perajin saka desa Patoman kang nelakake menawa paraperajin padha kekurangan pawitan/modhal yaiku ….
13. Nganti saiki, para perajin durung tau entuk … apamaneh … saka dinas kang kawogan. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut manut wacan ing ndhuwur yaiku ….
14. Pawarta ing ndhuwur kaemot ing medhiya ….
15. Mangerteni kahanan kasebut, salah sawijining sesepuh masyarakat desa, kang asmane … rumangsa prihatin marang sesanggan urip para perajin stagen lan slendhang. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut manut wacan ing ndhuwur yaiku ….
16. Basa kang isine menehi weruh/ngerti, pesen marang wong akeh supaya prodhuk kang diasilake bisa dingerteni lan padha nggunakake prodhuk mau diarani ….
17. Syarat panulisan iklan kang becik yaiku ….
18. Bisane mangerteni maksud lan tujuane iklan kasebut, kudu mangerteni …
19. Ndherek mangayubagya awit wisudhanipun Mas Pambayun minangka dhokter kandhungan. Iklan iki klebu jinis iklan ….
20. Sampun tinimbalan ing Ngarsaning Gusti, Bapa Dwijo wau enjang tabuh 03.15 WIK. Iklan iki klebu jinis iklan ….
21. Amrih kulawarga tentrem yen nitih sepedha motor ngagema helm! Iklan iki klebu jinis iklan ….
22. Pengin sambel kang sarwa pedhes lan manteb mangga nyobi ing “Cowek ngglempang.” Iklan iki klebu jinis iklan ….
23. Pariwara kang isine nawakake asil perusahaan iku klebu pariwara ….
24. Iklan kang awujud pawarta (berita) ukarane dawa amarga wujud katrangan kang detail –publikasi yaiku aweh katrangan marang pamaca babagan apa wae kang ana sambung rapete karo prodhuk, ing antarane kandhungan bahane, kasiate/mupangate, perijinan, cabang, lan sapanunggalane diarani ….

25. Pariwara ing sisih tengen iki tuladha pariwara ….

 

26. Pariwara kang nawakake babagan sosial, tujuane ngedol gagasan kanggo leladi masyarakat lumrahe pariwara iku isi pangajak kanggo nindakake pakarti kang becik lan ngedohi pakarti kang ala/ora becik diarani ….
27. Iklan ing sisih tengen iki klebu salah sijine iklan ing babagan ….

 

28. Iklan ing sisih tengen iki klebu salah sijine iklan ing babagan ….

 

29. Prodhuk kang ditawakake ing iklan kasebut yaiku ….

 

30. Iklan ing sisih tengen iki klebu salah sijine iklan ing babagan ….
31. Iklan iki klebu salah sijine iklan ….
32. Menehi ngerti utawa ngundang supaya teka ing sawijining adicara diarani ….

33. Menawa para siswa atur-atur marang wong kang luwih sepuh, prayogane migunakake basa ….
Wacan kanggo soal nomer 33 nganti nomer 34!

“Sesuk Selasa, 9 Sept 2104 jam 7, bocah klas 7 nganti 9 upcr hr OR ing Lap Bakti Praja nganggo srgm OR.”

34. Manut wewangunan/konstruksi ukara, atur-atur kasebut wujude …
35. Isine atur-atur kasebut yaiku ….

Wacan kanggo soal nomer 36 nganti nomer 40!

Nuwun sewu Bapak, kula sowan ngriki minangka utusan saking Bapak Setyanto (ingkang kagungan kersa/hajat), bilih Bapak Kuntoro (ingkang dipunaturi) kasuwun rawuh benjang dinten Minggu, surya/tanggal 24 Agustus 2014 wanci tabuh/jam 19.00 WIK (pitu dalu) saperlu rapat panitia supitan. Cekap semanten, matur nuwun.

36. Miturut tuladha atur-atur ing ndhuwur, sing kagungan hajat asmane yaiku ….
37. Miturut pratelan ing ndhuwur, anggone duwe hajat ….
38. Wose/isine atur-atur miturut tuladha kasebut yaiku rapat panitia ….
39. Wose/isine atur-atur, sing diaturi supaya rawuh/teka wanci/tabuh/jam ….
40. “Cekap semanten, matur nuwun.” Ukara kasebut ing peranganing atur-atur diarani ….
Wacan kanggo soal nomer 41 nganti nomer 44!

Kabeh bocah klas VIII supaya upacara HUT Kemerdekaan RI sesuk dina Minggu, tanggal 17 Agustus 2014 jam 07.00 WIK ing lapangan Pancasila, nganggo seragam OSIS lengkap.

41. Atur-atur kasebut migunakake basa ….
42. Bocah kang kudu nganggo seragam OSIS lengkap manut atur-atur ing ndhuwur yaiku bocah ….
43. Anggone upacara mapan ing ….
44. Upacara kasebut minangka pengetan ….
Wacan kanggo soal nomer 45 nganti nomer 48!

Kepareng matur kaliyan Bapak Dwijosasmoyo (asmanipun ingkang dipunaturi), kula sowan mriki sepisan badhe silaturahmi, kaping kalihipun kula dipunutus kaliyan Bapak Kundiastawa (ingkang kagungan kersa) bilih panjenengan dipunsuwun rawuh woonten dalemipun Bapak Kundiastawa benjang dinten Kemis dalu, tanggal/surya kaping 25 September 2014 wanci/tabuh 18.30 WIK (setengah pitu) saperlu kendhuren/slametan. Naming makaten

45. Bapak Dwijosasmoyo ana tuladha atur-atur ing ndhuwur, minangka asmane priyayi kang ….
46. Priyayi kang kagungan kersa/hajat yaiku ….
47. Kang diaturi kasuwun rawuh dina ….
48. Wose/isine atur-atur yaiku adicara ….
49. Tembung “kadi cariyosipun”, menawa ditulis Jawa wujude ….
50. Tembung ngisor iki aksara latine sing bener ….
a. ?kulkHuyh. ……………………………………………
b. ?nb]kYma. ………………………………………………….
c. ?lgimul=. …………………………………………………………
d. ?akuax[pGo[lkY|yuanai=klik=bvu[nbeni=. …………………………………………………………………………………….
e. ?k=msK|. ………………………………………………………..
f. ?semBhy=. ………………………………………………………
g. ?sumPek\, ……………………………………………………

 

 

 

 

SOAL TTS KELAS 9
SOAL HAL. 1 INI DIKERJAKAN DAN DIKUMPULKAN SETELAH TES!!!

 

Wangsulana kanthi patitis ing kothak kang sumadya, dene kothak nomer/angka ora dikanggokake!

1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
11.
12.
13.
14.
15.
Pitakonan:
1. Upacara adat kanggo bocah umur 5 dina yaiku ….
2. Ucule tali puser saka bayi diarani ….
3. Upacara adat sadurunge manggoni omah anyar diarani ….
4. Upacara pralambang kanggo ngresiki jiwa calon pengantin kang dianakake sedina sadurunge ijab kabul diarani ….
5. Upacara adat kanggo bocah kang ajar mlaku diarani ….
6. Wadhah klambi, yen wis mari enggala mlebu sekolah. Batangane wangsalan iki ….
7. Toko cilik, ora wurung ya aku maneh sing kudu nandangi. Batangane wangsalan iki ….
8. Roti tela, manthuk-manthuk iku tandhane setuju dadi aja mrengut ngono. Batangane wangsalan iki ….
9. Kali cilik, isih cilik kok wis lalen banget. Batangane wangsalan iki ….
10. Bubar lima, bocah sekolah yen guneman kudu sing tata. Batangane wangsalan iki ….
11. Welud wisa, aja seneng gawe gelaning liyan! Batangane wangsalan iki ….
12. Tutup sirah, awake dhik Lina kae lemu mula katon nyempluk. Batangane wangsalan iki ….
13. Njadah pohung, mathuk apa ora ya? Batangane wangsalan iki ….
14. Warung sekolah, apurana aku lair batin ya. Batangane wangsalan iki ….
15. Gelang gulu, yen ana apa-apa njaluka tulung tangga teparo. Batangane wangsalan iki ….
LATIHAN SOAL-SOAL KELAS IX

1. Ing ngisor iki minangka upacara adat nalika kulawarga calon penganten lanang nakoni kasaguhane calon penganten wadon yaiku ….
2. Upacara adat nalika lair diarani ….
3. Nalika bocah ngancik telung puluh lima dina dianakake slametan adat ….
4. Slametan tumrap wong sing wis tilar donya sadurunge nyatus yaiku ….
5. Tradhisi sing tansah ditindakake warga Semarang kanggo mahargya tumekane wulan Romadhon/sadurunge sasi pasa diarani …..
6. Upacara adat ngresiki sesuker/rereged/alangan tumrap bebrayan sing percaya kanthi nanggap wayang Murwakala diarani ….
7. Adat tradhisi sunat kanggone bocah wadon/wedok diarani ….
8. Upacara slametan tumrap wong ing wis tilar donya ing ngisor iki sing ora bener yaiku ….
9. Upacara kang ditindakake nalika ibu ngandhut anak pertama pitung wulan diarani ….
10. Pahargyan kanggo mengeti laire Nabi Muhammad kang dianakake ing alun-alun lor kraton Ngayogyakarta kang ditandhani kanthi ngudhunake gamelan kramat Kyai Guntur lan Kyai Naga Wilaga lan ditabuh sasuwene 7 dina diarani ….
11. Slametan/donga lan nganakake gugur gunung resik-resik desa sadurunge nganakake pahargyan tartamtu diarani ….
12. Upacara kang minangka perlambang sih katresnan lan kasetyan ing antarane penganten kakung lan putri diarani ….
13. Unen-unen kang saemper cangkriman nanging wangsulane/batangane wis sinamun/kasimpen ing ukarane bisa sawanda utawa satembung diarani ….
14. Mbok ya kaya wadhah buku kae lho Le, yen nyambut gawe sing tuntas ngono lho!. Wadhah buku sing dikarepake yaiku ….
15. Pucuking driji, dadi murid aja lali maca buku pelajaran. Batangane wangsalan sing dikarepake yaiku ….
16. Mas kok njanur gunung, kadingaren panjenengan tindak mrene. Janur gunung ing wangsalan iki yaiku ….
17. Mbalung janur ya Mas, mengko sore sida nonton film lho. Batangane wangsalan balung janur yaiku ….
18. Nganak kethek, aja gonyak-ganyuk ing ngarepe wong tuwa. Anak kethek yaiku ….
19. Ngrokok cendhak, ora becik yen bocah cilik senengane neges-neges rembugane wong tuwa. Rokok cendhak yaiku ….
20. Bantal dawa, tansah elinga piwelinge wong tuwa. Batangane wangsalan yaiku ….
21. Kadhal toya, bisane mung mrembet lon-lonan. Batangane wangsalan yaiku ….
22. Mesin tulis biyen saiki arane komputer. Batangane wangsalan yaiku ….
23. Lawan kasar, muga-muga taun iki kabeh bocah bisa lulus. Batangane wangsalan lawan kasar yaiku ….
24. Lemek sikil, aja nganti diarani wong yen kowe bocah nakal. Batangane wangsalan lemek sikil yaiku ….
25. Dadi murid ora susah nempe legi, tumindak macem-macem bisa gawe rugi. Tempe legi yaiku ….
26. Nggelang driji ya cah, aja lali kabeh tugas-tugasmu. Gelang driji yaiku ….
27. Buku kang nyritakake sejarahe/lakon Rama lan Sinta, Lesmana sarta memungsuhane karo Dasamuka/Rahwana yaiku ….
28. Ibune Dewi Sinta sejatine yaiku ….
29. Adhine Rahwana kang wis mitulungi Raden Ramawijaya lan nduweni watak kang wicaksana sarta waskitha aran ….
30. Dewi Sinta iku sejatine anake ….
31. Raden Rama, Dewi Sinta lan Lesmana anggone ngumbara tekan ….
32. Ing tengah alas, Dewi Sinta pirsa/ngerti ….
33. Dewi Sinta pirsa kidang kencana kang endah warnane banjur kepengin. Piwulang kang bisa kapethik yaiku ….
34. Sing nglakokake wayang yaiku ….
35. Kelir ing pagelaran pewayangan minangka pralambanging ….
36. Ukara kang nduweni gagasan luwih saka siji diarani ….
37. Ibu mundhut duren, adhiku sing maem lan aku mbuwang kulite. Miturut dhapukane ukara iki klebu ….
38. Pambayun kudu sinau tenan amarga dheweke duwe gegayuhan kareben oleh rangking siji. Ukara kasebut manut wujud lan carane ndhapuk klebu ….
39. Saka crita Jaka Tarub, anak wedok kang ditinggal menyang kahyangan jenenge ….
40. Jaka Tarub ngumpetake klambi widodarine Nawang Wulan sing wis nyengsem atine ing ….
41. Kasenengane Jaka Tarub yaiku ….
42. Adat adicara midodareni kuwi kawiwitan saka crita rakyat kanthi sesirah/judhul ….
43. Saka crita Jaka Tarub, widadari sing dadi bojone jenenge ….
44. Wujude angka 8 yaiku ….
45. Angka 6 padha karo aksara swara “e”, angka 8 padha karo aksara murda “pa”, wujude ….
46. Pitung ewu gangsal atus seket. Wujude aksara Jawane ….
47. Tanggal … Desember dina natal, Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut ….
48. Taun ; …. ;iki aku kudu lulus sekolahe. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut ….
49. Aku karo adhiku kaceke 5 taun, saiki aku umur 16 taun mula adhiku umure …. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut ….
50. ?almtSe[kolhkuflnaim[mBo[nJo[lNome/ …. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut ….
51 ?sbenFinan … jm\, Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut ….
52. ?a=[gonK|se[kolhsemi=guan … jm\, Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut ….

 

 

 

SOAL HAL. 1 INI DIKERJAKAN DAN DIKUMPULKAN SETELAH TES!!!

SOAL TTS KELAS 7
Wangsulana kanthi patitis ing kothak kang sumadya, dene kothak nomer ora dianggo !
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.
19.
20.
Pitakonan:
1. Bakune crita/sing wigati/akeh karembung ing crita digathukake alur sing ana diarani ….
2. Paraga sing pakartine/watake ala, tansah cengkah karo aten-atene sing maca diarani ….
3. Paraga sing pakartine utama, manut aten-atene sing maca (lumrahe apik) diarani ….
4. Lumakune crita saka biyen, saiki, lan wektu kang bakal teka diarani ….
5. Lumakune crita sing ora ajeg, terkadhang maju lan terkadhang mbaleni utawa ngeling-eling kedadean ing wektu kang wis kepungkur kang dialami dening paraga diarani ….
6. Lumakune wektu diwiwiti saka jaman kang pungkasan, banjur dieloni prastawa saka wiwitan diarani ….
7. Samubarang kang dadi dhasar lakuning crita diarani ….
8. Patuladhan sing bisa kajupuk saka crita kasebut diarani ….
9. Rumus “When” ana ing crita pengalaman tegese nakokake … pengalaman kasebut kedadeyan.
10. Rumus “Where” ana ing crita pengalaman tegese nakokake … dununge kedadean kasebut.
11. Rumus “How: ana ing crita pengalaman tegese nakokake … prosese kedadean kasebut.
12. Rumua “Who” ana ing crita pengalaman tegese nakokake … sing ngalami kedadean kasebut.
13. Sandhangan kang nyigeg/mateni aksara Jawa kang wujude … \ diarani ….
14. Sandhangan kang nyulihi/nyisipi aksara Jawa kang wujude … ] diarani ….
15. Sandhangan kang nyigeg/mateni aksara Jawa kang wujude … = diarani ….
16. Sandhangan kang nyigeg/mateni aksara Jawa kang wujude … / diarani ….
17. Sandhangan swara kang wujude [ … diarani ….
18. Sandhangan swara kang wujude [ … o diarani ….
19. Sandhangan swara kang wujude …u diarani ….
20. Sandhangan swara kang wujude …e diarani ….
LATIHAN SOAL-SOAL KELAS VII
Wacan kanggo soal nomer 1 nganti soal nomer 3!

Crita rakyat kang ana ing tlatah Jawa Tengah iku akeh banget. Crita rakyat kang sumebar ing saindhenging Jawa Tengah iku minangka asset lan khazanah budaya. Tuladhane crita rakyat ing antarane: “Keong Mas”, “Jaka Tarub”, “Timun Mas”, lan “Bawang Abang Putih”. Crita rakyat sumbere ora cetha asal-usule, mung asipat lesan utawa dari mulut ke mulut. Kang uga diarani gethok tular.

1. Crita rakyat kang sumebar ing saindhenging Jawa Tengah minangka ….
2. Crita ing ngisor kang klebu crita rakyat yaiku ….
3. Manut pethilan wacan ing ndhuwur, crita rakyat sumber critane ….
4. Crita rakyat kang ana gegayutane karo donyaning sato kewan diarani ….
5. Crita rakyat kang mung nengenake anehing crita diarani ….
6. Unsur kang mbangun crita diarani ….
7. Pesening penulis marang pamaca diarani ….
8. Bakune crita/sing wigati/akeh karembung ing crita digathukake alur sing ana diarani ….
9. Lumakune wektu diwiwiti saka jaman kang pungkasan, banjur dieloni prastawa saka wiwitan diarani ….
10. Paraga kang kerep dicritakake lan dadi pusate crita diarani ….
Wacan kanggo soal nomer 11 nganti 18!

“… Mbok Randha bungah penggalihe amarga panjaluke kepengin kagungan putra wis kaleksanan. Mbok Randha ngucapake sukur marang Gusti Allah amarga dongane wis dikabulake. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon mau dijenengake Timun Mas. Sawise Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha kelingan janjine karo Buta Ijo menawa arep menehake Timun Mas. Mbok Randha dadi susah atine, rina wengi Mbok Randha ndonga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Sawijining wengi, Mbok Randha ngimpi ketemu pertapa/resi ing Gunung Gandhul. Pertapa kuwi mau kang bias nulungi supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo ….”

11. Mbok Randha bungah penggalihe amarga ….
12. Bayine Mbok Randha pakulitane ….
13. Bayine Mbok Randha arane/jenenge ….
14. Mbok Randha sedhih atine amarga kelingan janjine marang ….
15. Mbok Randha seneng atine amarga putrane ora sida dipangan Buta Ijo amarga oleh pitulungan saka resi saka ….
16. Isine buntelan kang nomer loro kang disebar dening Timun Mas yaiku ….
17. Buta Ijo nemoni pati/tiwas amarga kecemplung ing ….
18. Paraga antagonis ing crita “Timun Mas” yaiku ….
Wacan kanggo soal nomer 19 nganti nomer 25!

“ … Jaka Tarub boten kuciwa, piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing lebetipun wana. Ananging ngantos dalu Jaka Tarub boten angsal menapa-menapa. Saking sayahipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos tilem saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget. Jaka Tarub tilem ing salebeting wana. Piyambakipun kagyat amargi kepireng swanten tiyang-tiyang estri ingkang gumujeng. Amargi kepengin mangertos swanten menika lan saking pundi asalipun swanten kalawau, pramila Jaka Tarub madosi sumbering swanten menika. Piyambakipun boten pitados. Ing salebeting manah gumun lan ngunandika: “Jan-jane aku ngimpi apa ora ya? Mosok aku krungu wong-wong wadon padha guyon cekikikan. Iku swara wong wadon tenan apa memedi ya?” Makaten ing batosing Jaka Tarub ….”

19. Tembung “wana” ing ukara kapisan mengku/duwe teges ….
20. Jaka Tarub sayah sanget lajeng … wonten salebeting wana.
21. Jaka Tarub kagyat amargi mireng swantening ….
22. Sinten asmanipun widadari ingkang kicalan slendhang?
23. Sinten ingkang mendhet slendhang widadari menika?
24. Sinten nama anakipun Jaka Tarub lan Nawang Wulan?
25. Rikala nglempit klasa ingkang gumelar, Nawang Wulan mirsani menapa?
26. Apa wae kang dialami dening manungsa ing sajroning uripe kena diarani ….
27. Pengalaman iku kedadeyan sing wis suwe nanging isih kelingan sebab pengalaman iku ….
28. Sing ditindakake wiwitan nalika arep nulis karangan yaiku ….
29. Pengalaman ora bisa diduweni dening wong amarga ….
30. Crita kang marakake wong sing krungu ngguyu kepingkel-pingkel diarani crita ….
31. Crita kang marakake wong keweden diarani crita ….

32. Bocah sing padha piket wis padha nyapu, ana sing nyulaki meja, mbusak papan tulis. Tekane luwih dhisik tinimbang liyane. Jurnal kelas diisi miturut jadwal, papan absen ditulisi dina lan tanggale. Cethane pagawean tumrap kelas mau wis diayahi kabeh. Andharan kasebut kedadeyan ana ing ….
33. Andharan crita ing ndhuwur nyritakake kedadean nalika ….
34. Kahanane sepi nyenyet, ora ana swara apa-apa. Kadhang kala swara klothek piranti sing kanggo nulis tiba, utawa kumrosake kertas sing diwolak-walik. Nganti sajam luwih kahanan sepi iku mau ora owah. Kahanan iku mau kedadean nalika ….
35. Kanggo nulisake pengalaman pribadi kang nerangake kepriye proses kedadean lelakon mau ing istilah 5W+1H yaiku ….
36. Babagan kang kudu digatekake nalika arep mbiji bab “crita pengalaman pribadi” yaiku ….
37. Kanthi rumus 5W+1H kanggo adhedhasar nulisake pengalaman kang nerangake apa temane utawa topik lelakon nganggo istilah kang diarani ….
Wacan kanggo soal nomer 38 nganti nomer 40!

“ … siyang menika wonten Semarang hawanipun pancen benter sanget. Rikala kula nembe wawan wicanten kaliyan bapak ibu, kula pikantuk telpon saking kangmas kula ingkang nenggani Pakdhe ing Jakarta. Wosing telpon paring pakabaran menawi Pakdhe dhawah ing kamar mandhi, malah kawontenanipun sampun kritis. Pakdhe dipunbekta dhateng griya sakit. Pakdhe pancen kagungan riwayat gerah jantung coroner sarta tensi inggil. Siyang menika prasasat kados kesamber petir, manah kula was-was tuwin dheg-dhegan ….”

38. “ … siyang menika wonten Semarang hawanipun pancen benter sanget.” Tembung benter tegese …
39. Kangmas paring kabar lumantar telpon bilih Pakdhe dhawah saking ….
40. Pakdhe nandang gerah ….
Wacan kanggo soal nomer 41 nganti nomer 44!

“ …. Crita iki kedadeyan dina Senen setaun kepungkur. Wektu iku aku isih kelingan pas pelajaran/wulangan basa Jawa Kompetensi Dasar (KD) maca ukara mawa aksara Jawa. Nalika aku melu pelajaran/wulangan basa Jawa sirahku rada ngelu amarga sawengi pancen kurang turu amarga melek-melek ing omahe sedulurku kang duwe gawe sunatan. Pak D asmane guru basa Jawa. Priyayine gedhe dhuwur kaya Werkudara. Guru basa Jawa iki pancen guru kang sabar lan apikan mungguh kanggoku. Buktine sasuwene aku diwulang, Pak D ora tau duka apa maneh nganti ngeplak marang para siswa. Amarga klebu guru sabar lan apikan, Pak D disenengi para siswa ….”

41. Manut pethilan crita pengalaman ing ndhuwur, sirahku ngelu amarga ….
42. Isine pethikan crita pengalaman kasebut yaiku nyritakake para siswa sing lagi ajar ….
43. Saka pethilan crita pengalaman ndhuwur mau, yen dianalisis tema lan paraga utamane yaiku ….
44. Panyaruwe/komentar kang pas kanggo nanggapi pethilan wacan kasebut yaiku ….
45. Aksara Jawa nglegena uga diarani ….
46. Nawang Setyaningtyas, menawa katulis nganggo aksara Jawa dadine ….
47. ?f/mwist. Menawa katulis latin sing bener ….

 

Leave a Reply

You must be logged in to post a comment.

Categories
Links: